SERAT JAWA
1. Pangertosan serat
Serat utawi nawala inggih punika basa ingkang dipunaturaken ngginakaken seratan utawi salah satunggaling piranti komunikasi ingkang awujud seratan utawi satunggaling sarana kangge sambet ginem/komunikasi ingkang wujud sinerat/tinulis.
Serat resmi, dinas, niaga temtunipun ngginakaken paugeran ingkang gumathok, gegayutan kaliyan kedinasan. Beda kaliyan serat pribadi. Serat pribadi punika wujudipun kadosdene serat limrah. Ingkang dados pratandhanipun menawi serat punika kalebet serat pribadi inggih punika pigunanipun. Tegesipun serat wau dipunginakaken pribadi dhateng pribadi saha wosipun ngrembag perkawis pribadi utawi sanes perkawis kedinasan. Pramila saking punika basa ingkang dipunginakaken ing serat pribadi langkung longgar. Basa ing serat pribadi boten kaiket dening paugeran-paugeran ingkang baku nanging namung kaiket dening peprenahan antawisipun ingkang ngintun serat saha ingkang dipunkintuni serat. Nanging basanipun serat pribadi saged ngoko saged ugi krama gumantung kalenggahanipun tiyang ingkang dipunkintuni serat. Menawi ingkang dipunkintuni serat punika kanca sapantaran utawi peprenahanipun langkung anem, serat saged dipunserat ngginakaken basa ngoko. Ananging menawi ingkang nampi serat peprenahanipun langkung sepuh utawi inggil kalenggahanipun, prayoginipun serat kalawau dipunserat ngginakaken basa krama.
Sanajan serat pribadi gadhah kalodhangan babagan basa saha perkawis ingkang dipunrembag, serat pribadi boten kenging nilar subasita saha tata krama. Serat pribadi ugi kedah kaserat kanthi cetha, gampil dipunmangertosi dening ingkang nampi serat. Kanthi mekaten serat wau boten ndadosaken bingung saha saling surup, langkung-langkung kangge ingkang nampi serat.
2. Pranatanipun nyerat serat
a. Dlancangipun kedah resik, langkung sae warni pethak.
b. Mangsinipun limrahipun warni cemeng.
c. Seratanipun ingkang cetha ugi tumata.
d. Tembung saha ukaranipun ingkang ganep ugi mapan.
e. Panglempitipun ingkang prasaja.
3. Wujudipun serat Jawa
Wujud serat Jawa maneka warni antawisipun :
a. Serat ulem (undangan)
Serat ulem inggih punika serat ingkang isinipun atur dhumateng tiyang sanes, amargi badhe kagungan kersa/hajat ingkang dipunkintuni uleman supados rawuh wonten ing papan saha wekdal ingkang sampun katemtokaken. Tuladha serat ulem inggih punika : ambal warsa (ulang taun), tasyakuran, supitan, serat ulem mantu lsp.
Bab-bab ingkang kedah kamot ing serat ulem :
1. Papan saha tanggal anggenipun damel serat.
2. Nama saha papan ingkang tinuju.
3. Pambuka
4. Isi :
- puji syukur
- Maksud utawi tujuan
- Dinten, tanggal, tabuh saha papan
- Adicara
5. Panutup inggih punika atur panuwun saha salam panutup.
6. Nama ingkang paring serat.
b. Serat kitir
Serat kitir inggih punika serat ingkang isinipun cekak aos, punapa perlune kemawon. Tuladhanipun : telegram, memo
c. Serat lelayu
Serat lelayu inggih punika serat ingkang isinipun kabar sedanipun satunggaling tiyang.
Bab-bab ingkang kamot ing serat pawartos lelayu :
1. Irah-irahan (judul)
2. Nama saha papan ingkang tinuju
3. Pambuka (salam kaliyan waosan Innalilahi… )
4. Isi :
– Ingkang sampun tilar donya (nama saha yuswa)
– Tilar donya (dinten, tanggal, tabuh, papan)
– Pemakaman (jenazah badhe kapetak… dinten, tanggal, tabuh, papan/sasanalaya)
5. Panutup (atur panuwun lan salam panutup).
d. Serat iber
Serat iber inggih punika serat ingkang isinipun kabar pribadi, bab ingkang dipunandharaken saged punapa kemawon.
e. Serat silaturahmi
Serat silaturahmi inggih punika serat minangka gantos pisowanipun satunggaling tiyang. Tuladha : kartu lebaran, kartu natal.
4. Peranganipun Serat
Serat ingkang jangkep gadhah perangan-perangan kados ing ngandhap punika:
a. Satata basa, (serat katujokaken) alamatipun serat saged kaserat ing pojok tengen utawi kiwa ing nginggil.
b. Adangiyah, tembung pamuji rahayu umpaminipun :
– Taklim (ingkang taklim), sedherek sepuh, utawi dhateng sesami ingkang perlu dipunaosi.
– Salam taklim, dhateng sedherek anem, utawi dhateng sapantaran.
– Ingkang salam, dhateng sedherek anem ingkang perlu dipunaosi, amargi pangkatipun langkung inggil.
– Ingkang sembah sungkem, saking tiyang enem dhateng sesepuh (embah) utawi para luhur.
– Ingkang sembah pangabekti, saking tiyang anem dhateng tiyang sepuhipun piyambak. Umpaminipun: Bapak, Ibu, Tiyang estri dhateng kakungipun piyambak.
c. Purwaka, nelakaken pawarta kawilujengan ingkang ngintun serat saha pangajeng-ajeng supados ingkang dipunkintuni serat ugi Wilujeng.
d. Surasa basa, wosipun serat, kekajenganipun serat.
e. Wasana basa, pungkasaning serat/rembagipun sampun rampung, tuladhanipun : cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
f. Titi mangsa, nelakaken wekdal anggenipun nyerat serat. Tuladha : Parakan, 21 Agustus 2015
g. Peprenahan, asalipun serat saking sinten, tuladha :
Saking ingkang putra
Bapakmu ing omah
Adhimu saking paran, lsp.
h. Tapak asta ingkang damel serat.
i. Nama terang, nama terang ingkang damel serat.
Binti KRT. Tedjaningrat
Bin Letkol Sumaryan
Kemis Kliwon,
14 September 2016
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Tanggal : 14 Desember 2016
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
KRT. Tedjaningrat Kekalih