Apa iku uyon uyon, ing postingan iki awak dewe bakal ngebahas apa iku uyon uyon lan piye peranganing uyon uyon, yuk digatekke bareng bareng ben paham.

1. Apa iku Uyon-Uyon, tegesipun

Tembung uyon-uyon saking tembung manguyu-uyu ingkang tegesipun gegendhingan nabuh gamelan kadosta rikalanipun kagungan kersa lan sapiturutipun (Poerwadarminta, 1939:436). Wonten pamanggih sanes bilih uyon-uyon saged dipuntegesi ungeling gangsa/gamelan ingkang boten kinanthenan joged utawi kagunan sanesipun. Kanthi mekaten menawi ngrembag babagan uyon-uyon boten badhe uwal kaliyan kagunan karawitan. Menawi karawitan punika saged kangge ngiringi maneka warnining pagelaran, tuladhanipun : ringgit, ketoprak, ludruk, beksan lsp. Dene uyon-uyon punika pagelaran karawitan ingkang madeg piyambak boten kangge ngiringi pagelaran sanesipun.

Ojo lali kanggo maca : Apa Iku Cerkak? Unsur-unsur Cerkak, Tuladhane Cerkak

2. Peranganing uyon-uyon

Kangge nyengkuyung pagelaran uyon-uyon kedah wonten perangan-perangan uyon-uyon ingkang baku, ing antawisipun:

a. Gamelan/gangsa inggih punika namaning tetabuhan ingkang rericikanipun kathah sanget, kadosta saron, bonang, gender lsp (Poerwadarminta, 1939 :129). Sinaosa ing laladan sanes ugi wonten gamelan nanging ingkang badhe karembag ing mriki inggih punika gamelan Jawa. Gamelan Jawa punika pirantos musik ingkang kalebet ing golonganing pentatonis (penta : 5, tone : nada), awit gamelan namung gadhah 5 nada utawi titi laras (1 2 3 5 6). Gamelan Jawa sakawit namung wonten laras slendro ingkang gadhah gangsal nada, nanging kanthi ngrembakaning budaya lajeng wonten laras pelog kanthi nada (1 2 3 4 5 6 7).

Gamelan ingkang jangkep nanging namung setunggal laras kasebat sapangkon, dene gamelan ingkang jangkep wonten laras pelog sarta laras slendro kasebat saperangkat.

Miturut wujudipun gamelan kabedakaken wonten :
· Wujud tebokan : kendhang, ketipung
· Wujud wilahan : gender, slenthem, gambang, demung, saron, peking
· Wujud pencon : bonang, kenong, kethuk, kempyang, gong
· Wujud kawatan : siter, rebab, celempung
· Wujud pipa : suling

Gamelan punika wujudipun maneka warni, tabuhipun inggih beda-beda lan caranipun nabuh inggih beda-beda. Bab punika paring piwulang dhateng gesanging manungsa, bilih manungsa punika beda-beda wujudipun, beda bangsanipun, beda pakaryanipun, beda agamanipun lan taksih kathah malih ingkang beda, nanging menawi sami manunggal wonten ing ancas ingkang sami badhe nuwuhaken katentreman lan kaendahan.

b. Wiyaga / niyaga inggih punika tukang nabuh gamelan (Poerwadarminta, 1939 : 344). Satunggaling dhalang kondhang saking Surakarta Ki Anom Surata ngendikakaken bilih wiyaga punika saking tembung yoga ingkang tegesipun semedi utawi ngeningaken cipta. Pramila tiyang ingkang nabuh gamelan punika kados dene tiyang ingkang nembe nglampahi semedi kanthi manunggalaken cipta rasa lan karsa kangge mujudaken wiramaning gendhing ingkang sae.

c. Pesindhen, tiyang ingkang pedamelanipun nyekar nyarengi gamelan (Poerwadarminta, 1939 : 563). Menawi pesindhen punika pawestri kasebat swarawati, dene menawi jaler kasebat wiraswara. Ananging ing jaman sakpunika pesindhen kaprah namung kangge nyebat pawestri, dene ingkang kakung kasebat wiraswara utawi panggerong.

Ojo lali kanggo maca : Serat ing Jawa, Pranatanipun, Wujudipun, lan Peranganipun Serat

3. Pagelaran Uyon-Uyon

Pagelaran uyon-uyon punika asring katindakaken kangge panglipur ing acara-acara mirunggan, kadosta : sunatan, selapanan, syukuran, merti dhusun lsp. Tiyang nggelar uyon-uyon punika ingkang dipunresepi inggih swanten gamelan/gangsa ingkang sinarengan swantening pasindhen. Cak-cakaning uyon-uyon ngginakaken sedaya ricikan/ tabuhan (saged soran lan lirihan). Soran inggih punika ungeling gamelan ingkang boten sinarengan pesindhen, limrahipun kanthi wirama ingkang rancag. Lirihan inggih punika panabuhing gamelan kanthi lirih awit sinarengan swantening pasindhen.

4. Tembung-tembung ingkang asring kapanggihaken ing uyon uyon

  • Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
  • Cengkok yaiku lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
  • Gendhing yaiku lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
  • Gamelan yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
  • Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
  • Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
  • Senggakan yaiku unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/ pradangga
  • Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
  • Wiraswara yaiku penyanyi kakung.
  • Irama yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
  • Bawa yaiku tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
  • Buka yaiku tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.

TINGGALKAN KOMENTAR

Silakan masukkan komentar anda!
Silakan masukkan nama Anda di sini

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.