JURNALISTIK
Tegesipun jurnalistik punika kathah sanget. Miturut etimologi, jurnalistik punika saking tembung jurnal saha istik. Jurnal punika saking basa Prancis journal ingkang tegesipun cathetan harian, ananging ugi wonten ingkang ngandharaken jurnalistik saged ugi saking tembung diurnal ingkang tegesipun dinten punika. Tembung istik punika saking tembung estetika ingkang ngadhahi teges ngelmu ngengingi kaendahan. Kanthi umum jurnalistik nggadhahi teges seni saha ketrampilan madosi, nglempakaken, ngolah, ngronce, saha nyawisaken pawartos ngengingi perkawis utawi kedadosan ingkang dumados saben dintenipun kanthi seratan ingkang endah, kanthi ancas maringi sedaya kabetahanipun batos tiyang kathah, pramila ndadosaken ewahing sipat, watek, pamanggih, saha tumindak masyarakat miturut kekajenganipun jurnalis.
Jinising seratan punika kaperang dados kalih inggih punika seratan fiksi saha seratan non fiksi. Seratan fiksi awujud seratan imajinatif utawi khayalan sanes kedadosan ingkang nyata. Umumipun seratan fiksi punika minangka wohing kasusastran kadosdene cerkak, novel, geguritan saha drama/sandiwara. Seratan non fiksi inggih punika seratan ingkang adhedhasar kedadosan ingkang nyata-nyata kalampahan (fakta saha data). Tuladha seratan non fiksi inggih punika artikel, pawartos, essay saha resensi.
Naskah jurnalistik kalebet ing seratan non fiksi amargi seratan jurnalistik adhedhasar kedadosan ingkang nyata-nyata kalampahan ing saben dintenipun. Pramila punika titikanipun naskah utawi karya jurnalistik inggih punika non fiksi, faktual, sanes khayalan.
JINIS-JINIS KARYA JURNALISTIK
1. Pawartos
Pawartos inggih punika palapuran ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kedadosan kasebut. Unsur fakta ingkang wonten ing palapuran inggih punika 5W + 1H, inggih punika Who (sinten), What (punapa), When (kapan), Where (ing pundi), Why (kenging punapa), How (kados pundi). Tegesipun inggih punika Sinten ingkang tumindak, punapa ingkang dipuntindakaken, wonten pundi papanipun, kenging punapa saged tumindak kados punika, saha kados pundi caranipun. Balunganipun seratan pawartos punika awujud irah-irahan (head), larikan tengah (dateline) saha wosing pawartos (body). Prinsip anggenipun nyerat punika nengenaken fakta ingkang wigatos piyambak, antawisipun fakta saha opini boten dipuncampur saha satimbang. Wosing pawartos punika minangka faktaning kedadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih punika aktual, faktual, wigati, saha narik kawigaten.
2. Opini
Opini punika minangka pamanggih ingkang sipatipun subyektif ngengingi salah satunggaling perkawis ingkang dipunolah dados seratan. Jinising opini inggih punika, kolom, esai, tajuk rencana, surat pembaca, karikatur, pojok. Wosing seratan awujud pamanggihing panyerat piyambak saged adhedhasar fakta utawi pamanggih kemawon. Struktur seratan opini inggih punika irah-irahan, panyerat, pambuka seratan, cengkorongan penggalihan utawi pengait wosing seratan saha panutup.
3. Resensi
Resensi inggih punika ngrembag wosing buku. Wosipun ngengingi kirang saha langkungipun wosing buku kasebut, underaning perkawis utawi wosing buku punika narik kawigatosan punapa boten, panyaruwe dhateng buku ingkang dipun resensi, saha paring pamanggih dhumateng sinten kemawon ngengingi prelu botenipun tumbas utawi maos buku punika. Cengkorongan seratan resensi inggih punika pambuka (wosipun :idhentitas buku (irah-irahan buku, panyerat, penerbit, warsa terbitipun, cacahing kaca, saha regi), wos (wujudipun : pirembagan ngengingi underaning perkawis utawi irah-irahan buku punika, wosing buku, saha informasi ngengingi sebab musabab saha ancasipun buku punika dipunserat, lageyanipun panyeratan, nandhingaken kaliyan buku sanes ingkang underaning perkawisipun sami utawi buku sanes ingkang dipunanggit panyerat buku kasebat. Panutup (wosipun : bobot saking buku kasebut, langkung saha kirangipun buku kasebut, paring panyaruwe saha pamanggih dhumateng Sinten kemawon ngengingi prelu botenipun tumbas utawi maos buku punika). Tiyang ingkang nyerat resensi dipunwastani resentator (peresensi).
4. Kolom
Kolom inggih punika rubrik mligi para winasis ingkang wujudipun seratan cekak ingkang wosipun pamanggih subyektif panyerat ngengingi salah satunggaling perkawis. Ing media massa kolom punika kadhang kala anggenipun mastani boten sami, wonten ingkang mastani resonansi, asal-usul lsp. Tiyang ingkang nyerat kolom dipunwastani Kolomnis. Wosing kolom punika namung pamanggih, pamanggih adhedhasar teori ngelmu ingkang saged dipundadosaken dhasar seratan kolom punika. Seratan kolom punika boten nggadhahi cengkorongan baken, wujudipun namung wos saking seratan kasebut, inggih punika mbabar pokok pirembagan saha pamanggih panyerat ngengingi perkawis kasebut. Irah-irahanipun saged cekak kemawon kepara saged setunggal tembung.
JINISING SERATAN JURNALISTIK MITURUT GINANIPUN
1. Cariyos (narasi)
Nyariyosaken satunggaling kawontenan, barang, tatacara lan sanes-sanesipun. Tuladhanipun : dongeng, fabel, mite, legenda.
2. Gegambaran (deskripsi)
Seratan ingkang wosipun nggambaraken kawontenaning barang, swasana, kedadosan lan sanes-sanesipun satemah ingkang maos kados mriksani piyambak kados dene ingkang dipungambaraken. Tuladhanipun : seratan bab papan wisata (Pantai Parangtritis, Tawangmangu, Gua gong lsp).
3. Paparan (eksposisi)
Seratan ingkang wosipun ngandharaken utawi maparaken satunggaling maksud, ancas utawi samubarang sanesipun. Tuladhanipun : Caranipun Damel Tempe, Bandeng Presto lsp.
4. Penggalihan (Argumentasi)
Seratan ingkang wosipun ngandharaken gagasan-gagasan ingkang dipunkantheni katrangan-katrangan, adhedhasar pawadan-pawadan kangge nyaruwe, nampik punapa dene ngiyataken penggalihan utawi satunggaling gagasan. Tuladhanipun : Pangaribawanipun Formalin ing Bakso.
5. Ajakan (Persuasi)
Seratan ingkang wosipun pangajak dhateng tiyang sanes supados tuwuh keyakinanipun, satemah sarujuk saha nyengkuyung gagasanipun ingkang nyerat. Tuladha : Iklan, Pengaosan Agama.
CARANIPUN NYERAT
Menawi badhe damel seratan (karangan) jurnalistik, kedah nggatosaken urut-urutan ingkang dipuntindakaken supados seratan saged runtut saha asilipun saged sae. Urut-urutanipun seratan inggih punika :
1. Nemtokaken tema (topik) seratan
2. Nemtokaken irah-irahan seratan
3. Nglempakaken bahan-bahan
4. Damel cengkorongan (kerangka) seratan
5. Mekaraken cengkorongan seratan kasebut dados seratan ingkang jangkep.
Kajawi urut-urutan ing nginggil, babagan ingkang kedah dipungatosaken ugi inggih punika :
1. Kertasipun ingkang sae
2. Basanipun ingkang baku saha sae
3. Ukaranipun runtut
4. Seratanipun cetha
5. Pamilihing tembung ingkang mentes
6. Temanipun manunggal.
Kawaosa kanthi permati artikel ing andhap punika!
CANDHI IJO LAN SOJIWAN
Muwuhi Cacahe Papan Wisata Candhi Kompleks Prambanan.
Tekan dalan jurusan Prambanan – Piyungan (ngalor – ngidul) Djaka Lodhang (DL) banjur menggok ngetan ngunggahi dalan nracak aspalan bodhol ing erenging Pegunungan Sewu iring elor. Jarum jam ing Pos Jaga Candhi Ijo nuduhake wektu 12. 30 WIB nalika DL, tekan papan sing dituju. Hawa panas amarga sumube hawa saka pegunungan gamping saya gawe sumuking awak sing gemrobyos ing tengahe srengenge panjer rina.
Iku swasana ing candhi kang kaping papat sing disambangi Djaka Lodhang (DL) dina iku. Sadurunge candhi ijo, DL wis nyambangi Candhi Sambisari, Candhi Sari, lan Candhi Kalasan kang dumunung ing sakiwa tengen dalan gedhe Yogyakarta – Solo. Candhi Sari lan Candhi Kalasan duweni sambung rapet kang cedhak. Miturut prasasti Kalasan taun 700 Saka utawa taun 778 Masehi, asrama para biara (biksu) Budhis dumunung ing Candhi Sari kang adohe watara 500 meter saelor wetan Candhi Kalasan. Wutuhe, Candhi Kalasan kedaden saka candhi babon (induk) sing dikupengi 52 stupa. Ananging, Candhi Kalasan klebu candhi kang durung nate diwutuhake maneh (dipugar, direkonstruksi) kaya Candhi Prambanan, Candhi Sewu, Candhi Plaosan Lor – Kidul, Candhi Ratu Baka, Candhi Barong, Candhi Ijo, Candhi Banyunibo, apa dene Candhi Sojiwan. Apa alesane Candhi Kalasan durung nate dipugar, tekan wektu iki durung ana alesan kang gumathok.
Saka Kalasan, DL banjur mangetan tumuju Candhi Prambanan, Candhi Sewu, Candhi Bubrah, Candhi Plaosan Lor lan Candhi Plaosan Kidul, Candhi utawa Kraton Ratu Baka, Candhi Barong, Candhi Ijo, Candhi Banyunibo, lan Candhi Sojiwan. Antarane candhi cacah 13 iki kang paling mranani Candhi Ijo lan Candhi Sojiwan. Jalaran candhi kekarone iki ana kang isih dipugar (Candhi Ijo) lan ana sing wis purna pugar (Candhi Sojiwan).
Saka Candhi Prambanan, tumuju Candhi Ijo bisa ngliwati dalan arah mangidul Prambanan- Piyungan. Tekan sakidul dhusun Jobohan ana dalan mangetan ngunggahi erenging Pegunungan Sewu iring elor ing desa Sambirejo, Kecamatan Prambanan, Sleman, Yogyakarta. Dalane nracak dhuwur tur rusak amarga kanggo lalu lintas ngusung watu saka papan-papan penambangan watu putih. Sawise ngunggahi dalan nracak adohe wetara 3 km iku tekan Kompleks Candhi Ijo sing dumunung ing dhusun Groyokan, Desa Sambirejo, Kecamatan Prambanan, Kabupaten Sleman. Candhi kang papane dhuwure 375 meter saka lumahe banyu segara iki ditemokake taun 1886 dening H.E. Doorepaal, sawenehe Administratur Pabrik Gula Saragedhug sing madik papan kanggo kebon tebu. Sabanjure C.A. Rosemeler nemokake reca cacah telu. Taun 1887 DR. J. Groneman ngedhuk papan iku (ekskavasi) ingga nemokake lembaran emas sing ana tulisane (prasasti, ali-ali emas, lan wiji-wijian).
Kompleks Candhi ijo dumunung ing 3 undhak-undhakan (teras), saka kulon (ngisor dhewe) mangetan (paling dhuwur). Beda karo candhi Prambanan utawa Candhi Sewu sing punjere candhi babon (induk) tengah, Candhi Ijo punjere ana teras dhuwur dhewe kaya pecandhen ing Jawa Timur. Sumber katrangan baku Candhi Ijo saka prasasti Poh (806 Masehi) sing nyebutake sawenehe dhayoh sing ngestreni upacara kang asale saka desa Ijo (Sansekerta : “anak wanua 1 wuang hijo”).
Landhesan isi Prasasti Poh, sabanjure candhi Ijo sing kedaden saka 17 candhi lan mapan ing 11 teras saka kulon (ngisor) mangetan (dhuwur), dipugar. Bangunan indhuk dumunung ing teras paling dhuwur sing kedaden saka candhi induk lan 3 candhi pengamping (perwara), wektu iki wis madeg becik. Dene bangunan ing teras sangisore isih sajerone rekonstruksi.
Miturut satpam Candhi Sojiwan, Sumardi, wektu iki candhi Sojiwan wis purna pugar lan kari nunggu peresmiane sasi Oktober 2011. Menawa Candhi Ijo nyuguhake sesawangan awit wisatawan bisa mriksani menyang papan adoh ing sangisore pegunungan, Candhi Sojiwan nyuguhake candhi kang endah ing tengahe plataran jembar sineling wit-wit pule umure atusan taun. Candhi Sojiwan sing ora adoh saka Candhi Prambanan dumunung watara 500 m sakidul dalan Yogyakarta – Solo mapan ing desa Kebondalem Kidul, Prambanan, Klaten, Jawa Tengah. (Sanjaya/DL).